Saturday, June 6, 2009

senenge dadi layangan

Diundha
Muluk kagawa angin
Mumbul dhuwur tekan awang-awang
Dipandeng dialem ditresnani
Nanging kabegjan
Ora genah sapa sing duwe
Yen benang pedhot, layangan bisa apa? Kejaba amung ngleyang sakparan-paran
Temangsang ing ndhuwur wit
Nyemplung kalen
Suwek kanggo rebutan
....
Utawa ditemu tangan
Kang bakal ngulukake dhuwur maneh

No comments: